Sabtu, 22 Desember 2012

Drama Basa Jawa lan Tembang Dolanan : Kemah ten Pegunungan


Saben wulan bocah- bocah padha mungah gunung kanggo kemah ing puncak gunung.
Sawise teka panggonan, bocah- bocah nyiapake tenda lan piranthi – piranthi liane.

Aldi: “Rian, tulung aku ndirikno tenda.”
Rian: “Ya, aku arep nulung.”
Aldi: “Rin, wis apik durung tendane.”
Rina: “Wis apik banget.”
Ica: “Iki tikare kanggo lemek.”

Sawise nyiapno tendo lan piranthi liane, bocah- bocah padha lungguh.

Rina: “Alhamdulillah, sampun mantun.”
Rian: “Aku luwih, tulung gawekna panganan.”
Rina: “Ya, aku gawekna.”
Ica: “Karo nunggu panganan mateng, bocah- bocah ana sing ngawa HP?”
Aldi: “Duwe wae ora, Ca”
Ica: “Sampeyan Rian?”
Rian: “Hand Pondku kari.”
Rina: “Kanggo apa to Ca, HP kuwi?”
Ica: “Kanggo dolanan.”
Aldi: “Tinimbang dolanan HP sing ora ana, ayo dolanan onthong- onthong bolong!??!”

Bocah- bocah nembang onthong- onthong bolong
Onthong- onthong bolong
Adu merak adu sapi
Pecaho ndoke siji
Yen ora pecah tak tutuk kendhi

Rina: “Aku menang!!!”
Ica: “Aku keloro.”


Ana suara sing aneh.

Aldi: “Kuwi suara apa, Rin?”
Rina: “Astagfirullah…, aku lali, kuwi suara banyu umup.”
Rian: “Aja lali bumbune, Rin.”
Rina: “Ya…”

Sawise panganan siap, Rina nggawa panganan kuwi ten bocah- bocah.

Rina: “Iki panganane, ayo diincipi.”
Rian: “Hem… enak…!!!”
Ica: “Bar mangan ayo tilem, sampun dalu. Mene ayo mantuk, bapak sampun khuwatir.”
Rian& Aldi: “Ya…ya…, aku ya wis ngantuk.”

Sawise mangan, bocah- bocah padha tilem.

Ica& Rian: “Sugeng tilem…!!!”
Aldi& Rina: “Tilem…”

Bocah- bocah padha tilem. Sawise sewengi tilem, bocah- bocah tangi lan siap- siap mulih.

Ica: “Rian, tangi…! Sampun esuk…”
Rian: “Ya, aku wis tangi.”
Aldi: “Aja tukaran, iki lo… ringkesi piranthine…!!!”
Rina: “Oke…”

Sawise piranthi diringkesi, bocah-bocah mulih. Ing dhalan, Rina krasa pegel lan bocah- 
bocah istirahat.

Rina: “Aku pegel, istirahat nang kini wae.”
Ica: “Ya, sami pegele.”
Rian: “Nembang yuk, ben ora bosen…!!”
Rina: “Nembang apa?”
Rian: “Nembang Suwe Ora Jamu wae.”
Ica: “Ayo…!!!”

Bocah- bocah nembang Suwe Ora Jamu.
Suwe ora jamu
Jamu godhong kates
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan tambah etes

Rina: “Sapa sing tambah etes?”
Rian: “Ica kuwi tambah etes.”
Ica: “Aku tambah etes ta?”
Aldi: “Ya.”

Sawise nembang, bocah- bocah mlaku maneh.
Sawise teka kampung, Bocah- bocah padha muli nang omahe dewe- dewe.

Rian: “Ca, ati- ati ana dhalan.”
Ica: “Ya…”
Aldi: “Ati- ati ya Rin.”
Rina: “Ya…”

-----------
Gimana text drama-nya?
Kritik, Saran dikomentarin ajah ya :)
Copas klik like lhoh yaaa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar