Kamis, 06 Desember 2012

Pidato Bahasa Jawa : Narsis ten Remaja Indonesia


Dewasa ini, bahasa daerah khusunya bahasa di kampung halamanku (Jombang-Jawa Timur) semakin berkurang populasinya.. maksudnya bukan populasi kata-katanya tp populasi ahli bahasa Jawa.. anak muda jaman sekarang lebih mengarah mempelajari bahasa-bahasa asing dibanding bahasa daerahnya sendiri.. padahal jika bukan anak muda yang melestarikan budaya.. mau siapa lagi??
Ayo Anak muda Indonesia pasti bisa meneruskan cita-cita bangsa Indonesia...
Ini aku ada contoh pidato dalam bahasa jawa yang mungkin bisa membantu kalian :) temanya tentang masalah sosial yang sedang booming dipasaran... yaitu Narsis.. siapa sih yang gatau narsis :D

Pidato Bahasa Jawa : Narsis ten Remaja Indonesia
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Pak Sri  ingkang minulya lan kanca-kanca ingkang kula tresnani. Puji syukur dumateng Gusti Allah SWT kang sampun ngewenahe rahmat lan hidayah, dene kita saged kekumpul ing kelas 9h kanthi sehat walfiat kangge penilaian pidato bahasa jawi, mugi-mugi biji kita sedaya pada apik. Amin...
Aku waktu pidato SD :D masih unyu-unyu
Pie kabare rek? apik-apik wae toh. Alhamdulillah, kula apik-apik mawon, niku jawaban nek sampeyan sedaya tangglet. Sadurunge, kula badhe tangglet,  ten kelas niki wonten kang senengane foto utawa nyanyi-nyanyi dewe napa mboten? Lha niku, tanda-tandanipun wonten arek narsis nang kelas niki. Luwih terange lan jawab nggawe kejujuran, wonten napa mboten arek kang nanrsis ing sekolah utawa kelas niki? Nggeh, jelas akehe. Nanging, apa artie narsis kuwi? Lan punapa kita bisa ngarani deweke narsis?
Ing masa meledake tembung narsis ing Indonesia kira-kira amarga budaya luar kang mlebu nang Indonesia perantara internet, TV, video lan sapanunggale. Dideleng saka logika, narsis bisa ditegesake seneng eksis utawa muncul ing kabeh bab panguripan. Dadi arek narsis kuwi arek kang seneng metu utawa dikenal wong akeh saka kabeh bab panguripan. 

Sapa bisa wenehi tuladhane arek narsis? Jelas akehe. Ing wayah kang modern niki, akeh cara merantaraake kenarsisan, tuladhane perantara facebook, twiter, blog, foto-foto, video lan sapanunggale. Luwih akehe, arek narsis senengane nyanyi-nyanyi dewe padahal ues ngerti nek swarane ora becik, seneng ngoleksi foto kang aneh-aneh kayata foto melet lan foto merem. Tuladhane liwat facebook kuwi nulis status-status kang dahsyat sampe-sampe kanca-kancane kebujuk.
Dampak ala liane kuwi, kanca-kancane pada risih krungu nyanyi-nyanyian kang ora bener nadae lan omong-omongan kang ngerameni donya. Orang mung nang wong liya, arek narsis lagi saged ngerugiake awake dewe. Biasae arek narsis seneng dandan, damel tuku piranthi-piranti nikuwau jelasipun mbutuhake arta lan waktu. Mburi-mburine, wong tuwa saka arek narsis kuwi nggeh melu ngerasake akehe kebutuhan anake. Pie rek? Gelem ta wong tuwa sedih?
Nanging, mboten kabeh wujud kenarsisan kuwi ala, wonten arek-arek kang saged wujudake kenarsisane dados perilaku kang becik tur hemat. Tuladhane, narsis utawa aktif ing ektrakurikuler, ing mriku kita bisa ngeluangake akeh wektu gawe ngelakoake perilaku-perilaku kang becik. Saged mawon ing facebook utawa twiter, kita bisa nulis puisi, cerpen, artikel utawa status kang becik lan enak diwaca. Insyallah, tulisan-tulisan maeng luwih becik lan disenengi wong tinimbang nulis tembung-tembung kang mboten migunani. Nanging ngge mboten mbijuk, kawula muda biasanipun seneng nulis-nulis status kang heboh, iya toh?

Lah, saka kenarsisan becik, kita bisa mewujudake kenarsisan damel keselarasan sekolah lan belajar. Akeh-akehe tugas, wonten kang migunaake lisan utawa tulis, ndamel kenarsisan kita saged nulis apa wae kang wonten ing athi lan luwih gampang ngungkapake amarga kita sering metuake tembung-tembung ing facebook, blog, lan twitter. Ing bab lisan, kita luwih gampang PD ing ngarep kelas amarga sering nyanyi-nyanyi mboten jelas ing sekolah. Saumpamane kita dados perangkat kelas lan kudu marani guru, kita luwih saged cedak.
Dadi kesimpulane, kita kudu saged milah lan milih wujud kenarsisan kang becik lan kurang becik. Wujud kenarsisan kang kurang becik sagedto diadohake supaya kita tentrem. Yen wujud kenarsisan kang apik, saged kita lakukake. Luwih akehno belajar wujudkake kenarsisan dados perilaku kang becik tur migunani. Inyallah yen kita saged wujudkake kenarsisan kang becik, kita saged urip tentrem lan kebantu ing kabeh bab panguripan.
Mugi-mugi atur kula ing dina iki saged migunani lan entuk biji kang diridhai Allah. Yen menawi wonten kirang tata krami lan sisip sembiring atur, kula nyuwun pangapura amargi kula isih belajar lan mboten wonten wong kang sampurno nang donya.
Billahi taufik wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr. Wb. 


-------------
Gimana pidatonya? agak gak jelas yah? atau emang gak jelas? namanya juga masih belajar kak :) || jangan lupa reaksi?coment nya yah :) makasii

4 komentar: